Langsung ke konten utama
Lirik Hiphop jawa KM7 - ibu lelo ledung
Lirik hiphop jawa km7 - ibu lelo ledung
upload lirik by: zend avestaz




=====================================================


Tak Lelo Lelo Lelo Ledung......
tak lelo lelo lelo ledung..
cup menenga aja pijer nangis....
anakku sing ayu rupane..
yen nangis ndak ilang ayune....
tak gadang bisa urip mulyo..
dadiyo wanito utomo.......
ngluhurke asmane wong tua.....
dadiyo pendekaring bangsa..................


Ibu, niki putro badhe nyuwun Pangestu,
tansah lancar anggen kulo nuntut ilmu, 
supados kulo saget migunani, 
marang nuso bongso tumraping agami. 
Ing pandungo, ugi restu, kang ono sambikolo, 
kang sumanding jroning rogo,
kang upoyo mring gusti kang moho kuoso. 
Pandungane ibuku, iku sifat kandelku, 
gegamaning uripku, jroning sanubariku, 
tetes ingkang waspomu,
Tondo tulus atimu, ingkang tansah lumintu, 
marang kanugrahan kang satuhu marang putromu.


cup menenga anakku
kae bulane ndadari
kaya ndas butho nggilani
arep nggoleti cah nangis


Naliko mbiyen 9 sasi ning garbane, 
ibu tansah sabar senajan rak penak rasane,
sak jroning roso ibu tresno mring putrane, 
mbesok nek lair ojo nganti nglalekake. 
Marang kang ibu kamus ngulowantah, 
wiwit soko bayi nganti gedhe jumangkah, 
mulo ngati ati ojo podho mbantah, 
yen ibu nganti dhuko uripmu bakale susah. 
Sopo kang wani mblenjani dhawuhe ibu, 
opo meneh wani nglalek'ake kang ibu, 
bakal nompo duso sak jroning uripmu. 
Ibarat jambu jenenge jambu mete, 
sirahe ning ngisor sikille nang nduwure
mulo podho mangertio ibu kuwi suwargo, 
kang biso mujudake uripmu ning ngalam ndunyo.


tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga ojo di jor nangis
tak emban slendang batik kawung
yen nangis ibu iki bingung
tak lelo lelo ledung




=================================================================

Komentar

Postingan populer dari blog ini